Maggie Smith

Dame Margaret Natalie Smith (28 Dhésèmber 1934 – 27 Sèptèmber 2024) iku sawijiné aktris Britani Agung. Dhèwèké ditepungi minangka kapinterané sarkasme ing paraga kumidhi lan dramatis, dhèwèké ndarbèni karir sing dawa panggung lan kelir sajroné luwih saka pitung dasawarsa lan dhèwèké iku salah sawijiné aktris Britani sing misuwur lan prodhuktif.[1] Dhèwèké olèh akèh bebungah, kalebu bebungah Academy Awards (Oscar) loro, limang bebungah BAFTA Awards, patang bebungah Emmy Awards, telung bebungah Golden Globe Awards lan bebungah Tony Award siji, saha nominasi kanggo enem bebungah Olivier Awards. Maggie Smith iku salah sawijiné juru paraga sing tau olèh Triple Crown of Acting.[2]
Smith miwiti kariré ing panggung minangka mahasiswi, lain main ing Oxford Playhouse ing taun 1952, lan main kanthi profésional kapisan ing Broadway ing New Faces of '56 (Rai-Rai Anyar saka 56).Sajroné sawetara dasawarsa sabanjuré, Smith nuduhaké awaké dhéwé minangka salah sawijiné juru paraga téater Britani sing wigat dhéwé, lan nyambut gawé kanggo National Theatre lan Royal Shakespeare Company. Ing Broadway, dhèwèké olèh bebungah Tony Award for Best Actress in a Play kanggo Lettice and Lovage (1990). Dhèwèké uga tau olèh nominasi kanggo sandiwara Private Lives (1975) anggitané Noël Coward lan karyané Tom Stoppard Night and Day (1979).
Maggie Smith menangaké rong bebungah Academy Award: siji kanggo kategori "Aktris Becik Dhéwé" kanggo The Prime of Miss Jean Brodie (1969) lan siji kanggo "Aktris Panyengkuyung Apik Dhéwé" kanggo film California Suite (1978). She was Oscar-nominated for Othello (1965), Travels with My Aunt (1972), A Room with a View (1985) and Gosford Park (2001).[3] Dhèwèké maragaké Profèsor Minerva McGonagall ing film-film Harry Potter (2001–2011). Dhèwèké uga main ing Death on the Nile (1978), Hook (1991), Sister Act (1992), The Secret Garden (1993), The Best Exotic Marigold Hotel (2012), Quartet (2012) and The Lady in the Van (2015).
Maggie Smith olèh kawigatèn internasional manèh lan dadi kawentar olèhé maragakaké Violet Crawley ing drama historis Britani Downton Abbey (2010–2015). Paraga iki mènèhi awaké telung bebungah Primetime Emmy Awards; sadurungé dhèwèké wis tau menangaké siji kanggo film HBO My House in Umbria (2003).[4][5] Salawasé kariré dhèwèké tau nampa akèh bebungah pamemulé, kalebu saka British Film Institute Fellowship ing taun 1993, BAFTA Fellowship ing taun 1996 lan Society of London Theatre Special Award ing taun 2010.[6][7][3] Maggie Smith didadèkaké dame déning Ratu Elizabeth II ing taun 1990.[8]
Filmografi
[besut | besut sumber]Film
[besut | besut sumber]| Year | Title | Role | Notes |
|---|---|---|---|
| 1956 | Child in the House | Party Guest | |
| 1958 | Nowhere to Go | Bridget Howard | |
| 1962 | Go to Blazes | Chantal | |
| 1963 | The V.I.P.s | Miss Mead | |
| 1964 | The Pumpkin Eater | Philpot | |
| 1965 | Young Cassidy | Nora | |
| Othello | Desdemona | ||
| 1967 | The Honey Pot | Sarah Watkins | |
| 1968 | Hot Millions | Patty Terwilliger Smith | |
| 1969 | The Prime of Miss Jean Brodie | Jean Brodie | |
| Oh! What a Lovely War | Music Hall Star | ||
| 1972 | Travels with My Aunt | Aunt Augusta Bertram | |
| 1973 | Love and Pain and the Whole Damn Thing | Lila Fisher | |
| 1976 | Murder by Death | Dora Charleston | |
| 1978 | Death on the Nile | Miss Bowers | |
| California Suite | Diana Barrie | ||
| 1981 | Quartet | Lois Heidler | |
| Clash of the Titans | Thetis | ||
| 1982 | Evil Under the Sun | Daphne Castle | |
| The Missionary | Lady Isabel Ames | ||
| 1983 | Better Late Than Never | Miss Anderson | |
| 1984 | Lily in Love | Lily Wynn | |
| A Private Function | Joyce Chilvers | ||
| 1985 | A Room with a View | Charlotte Bartlett | |
| 1987 | The Lonely Passion of Judith Hearne | Judith Hearne | |
| 1990 | Romeo.Juliet | Rosaline | Voice |
| 1991 |