Menyang kontèn

Drupada

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

{{TMH Infobox| | Prabu Drupada utawa Durpada (Yadnasena), ratu ing Pancala (Cěmpalaradya), nalika timur kekasih Bambang Sucritra.. Bambang Sucitrå sêjatiné dudu trah Pancala nanging satriya neneka saka Ngatasangin kang dumunung åana laladan tanah sabrang. Anggoné jumênêng nata ing Pancala amarga jinunjung déning para kawula lan Raden Gandamana

Sawise jumeneng nata, Sucitra banjur ngagem jejuluk  Prabu Drupada  ya  Sang Prabu Dupara  utawa Prabu  Yadyasena. Dene Raden Gandamana minangka paramparaning praja, lan  patihe asma Patih Trusthakethu.

Sawijining dina Sang Prabu Drupada miyos siniwaka, diadhep sanggyaning para nayaka lan wadyabala. Dumadakan kedhayohan sawijining nom noman saka Ngatasangin ngakune jenenge Bamabang Kumbayana. Tanpa menggalih subasita, Bambang Kumbayana miyak satataning sanggya kang mara sebha, nanging Sang Prabu gedhe pangapurane. Kumbayana dikeparengake mapan sawatara dina ing Pancala Nanging watake Bambang Kumbayana sing pancen seneng ngongasake kadikdayan lan sigiting citra , nedya tumindak murang tata marang Dewi Drupadi, anjalari Sang Prabu Drupada ora arena penggalihe. Kanthi pangandhikan sereng sora, Bambang Kumbayana ditundhung dening Sang Prabu, ora dikeparengake nyedhak kadhaton Pancala. “Lho, aku iki mitramu. Apa kowe lali dimas Sucitra yen aku iki kadhangmu sinarawedi ?” Amarga Bambang Kumbayana tetep ora gelem lunga ndadekake muntabe Raden Gandamana. Kumbayana dilarak tumuju alun-alun karo diujar-ujar anggone murang tata. Kumbayana banjur dipilara nganthi rusak saranduning awake, tanpa diwenehi kalodhangan kanggo lumawan. Tutug anggone milara, Kumbayana banjur kakalangake bablas temah tiba ing pinggire alas kepara adoh saka laladhan kutharaja. Sawise sawatara taun saka kekadeyan mau, sawijining dina negara Pancala dilurugi perang dening para satriya Kurawa lan Pandhawa, muri Pandhita Durna. Prabu drupada lan raden Gandamana klakon dadi bandan lan disowanake ana ngarsane Pandhita Durna. Prabu Drupada cinawisan palenggahan jajar adu arep karo Pandhitå Durnå.. Kaya ngapa wirange Sang Prabu Drupada. “O..oo..oo gandha belgudhug monyor monyor selikur dina gamana gapulengana, iki margane nggonku bakal ngudi tuwuh lara wirang karo kowe Drupada,” kandhane Pandhita Durna. “He..Kumbayana ya Drona, aja salah gawe kowe ningkes karo aku, yen nyata kowe satriya sejati uwalana bebandhanku, hayo adu dhadha kantaran bahu genti milang tatu. Aja kaya bocah cilik srana nganggo tangane wong liya,” wangsulane Prabu Drupada. “La apa rumangsamu kowe ya utama bebudenmu heh Drupada, kowe nggawe cintraka awaku nganggo tangane Gandamana, nistha endi karo tumindak kang wis kok alami iku. Nek niyat aku males pati karo kowe saiki,,,,ooo lha gampang mijet wohing ranti. Nanging aku isih eling ala tanpa rupa kowe kuwi sedulurku nunggal guru, aku emoh tanganku reged dedosan merga mateni kowe. Kowe bakal tak luwari saka bebandhanku iki, nanging ana sarana sing kudu mbok turuti kepriye Sucitra ?,” pitakone Pandhita Durna. “Kabeh tumindakku kang wus kawuri yen diundhamana kaya ucapmu kuwi kaya tanpa guna. Kanggo kawibawanku uga kanggo yuwananing Pancala tak turuti Drona panjalukmu,” “Bagus Sucitra. Ngene aku iki senadyan wis diaku dadi guruning Pandhawa lan Kurawa, nanging bakal sepira bombonging atiku nek aku mengku kawibawan kaya kowe iki. Nanging aja kaduk pati bela penampa, aku ora bakal njaluk dadi ratu ing Pancala ora, nanging aku mung pingin dhuwe papan dhewe sing trep tak enggo anggegulang bab pamulangan lair ya batin tumrap murid muridku kabeh. Mula kang saka iku tak jaluk rilamu alas tlatah Sokålimå sing wis takdhegi Paguron (Padhépokan) tak jaluk. Pye Drupada,” “Ya aku sarujuk, Sokålimå sak wewengkone tak rilakake dadi bumi perdhikan dhuwekmu kanggo mukti saanak turunmu salawase,” “Ya matur nuwun Sang Prabu,” Sawise bandhane diuwali, sang Prabu Drupada lan Raden Gandamana kondur ing Pancala. Wiwit kedadeyan iku , Prabu Drupada nganggep Drona dudu kadhang maneh, nanging satru bebuyuten (mungsuh). Tuwuh pêpinginan darbe putra kakung kang bisa nyirnake satru sêkti. Prabu Drupådå banjur ngupåyå Rêsi Yåjå lan Upåyåjå supåyå mujudi kêrsané. Rêsi sakloron mau nuli ngadhani sêsaji Agni. Rêsi sakloron måcå mantram-mantram sakti karo ngêsok mêrtégå suci ing gêni sêsaji. Sanalikå gêni sêsaji banjur murub mubyar mubyar kukusé kumêlun sumundul ing ngawiyat. Ora antårå sasi Dèwi Gåndåwati nggarbini. Nalikå nglairaké ponang jabang bayi dhampit (gêdhini gêdhånå) sing kênyå ngagêm busånå kaprajuritan, nggéndhong éndhong isi jêmparing, tangané kiwå nyêkêl langkap (gêndhéwå). Déné sing bocah lanang måwå jamang lan kêré wåjå, tangan kiwå nyêkêl langkap (gêndhéwå) tangan têngên nyêkêl pêdhang ligan karan Sêdhanggarbå. Bayi sakloron mujudaké panuksmané Bathårå Durgånètri lan Durgådéwå. Kênyå mau kaparingan têtêngêr Dèwi Wårå Srikandhi, déné bocah lanang mau kaparingan kêkasih Radèn Trusthåjumênå (Drèsthåjumnå). Diwasané, Srikandhi lan Radèn Trusthåjumênå dadi prajurit kang pinunjul. Nalikå Pandhita Durna jumemeng Mahasenapati ing Perang Baratayuda , Dyan Trusthåjumênå kang wis ngasthå pêdhang ligan gyå mudhun såkå saluhuré råtå nyakêti Pandhitå Durnå kang wis nglumpruk tanpa daya amarga mireng pawarta yen Aswatama wis tumekaning pati. Kocapå sukmané Bambang Èkålåyå prikså kahanané Pandhitå Durnå anthuk margå dènira arêp malês ngudituwuh lårå wirang, aglis manuksmå ånå jagadé Radèn Trusthåjumênå, wusånå tuwuh kanêpsoné arêp nyidrå Pandhitå Durnå awit kèlingan marang cintrakané Prabu Drupådå, mulå sigrå maju tanpå tariwårå nyandhak mustakané Pandhitå Durnå katigas jangganè muståkå pisah lan gêmbung sirnå margå layu. Nuli mustakané Pandhitå Durnå kinaryå onclang diumbul-umbulaké, banjur disawataké mênyang ngarsané Prabu Duryudånå.